PUPUTAN
Puputan
yaiku salah sawijing kebudayaan jawa kang tasih dipun uri-uri dhumateng para
sepuh. Puputan boten namung dipun lakokake dumateng kluwarga kraton, nanging
uga dipun lakokake dateng para sepuh ana ing dusun-dusun sak jabane kraton.
Puputan utawa luwih dikenal pupakan, punika dipun anakake nalika tali puser
kang ana ing udele bayi kang nembe lair sampun puput. Sak sampunipun puput,
tiyang sepuhipun bayi punika nganakake slametan kanggo wujud raos syukur marang
gusti ingkang murbeng dumadi amargi sampun dipun paringi putra/putri ingkang
sehat.
Adicara
punika dipun lakokane wonten griyanipun tiyang sepuh’e bayi wanci tabuh bakda
maghrib ngantos enjing ( melekan ). Puputan diwiwiti bancakan yaiku slametan
kanggo bayi, sholawatan lan donga para sesepuh, aweh jeneng marang bayi maknane
yaiku panyuwun utawa dedonga tiyang sepuh kangge larenipun, nyukur rambut bayi
pralambang tolak balak. Cukur rambut iku boten sembarang tiyang ingkang saget
nyukur. Ingkang miwiti cukur inggih punika ingkang rama nuli ibu, nuli sedulur
saking rama lan ibu, dedulur, lan tamu undangan ingkang sami rawuh.
Biasane
ing acara puputan uga dipun anakake aqiqah’an, yaiku nyembelih wedus siji yen bayinipun wadon lan nyembelih wedus loro
yen bayinipun lanang.



0 komentar:
Posting Komentar